Saturday 19 September 2015

Basa Jawa

Arane Kembang
1. Kembang aren arane dangu
2. Kembang blimbing arane maya
3. Kembang blutru arane montro
4. Kembang cengkeh arane polong
5. Kembang cubung arane torong
6. Kembang dhadhap arane celung
7. Kembang durenarane dlongop
8. Kembang ganyong arane puspanyindra
9. Kembang garut arane grameng
10. Kembang gebang arane kranding
11. Kembang gedhang arane ontong (tuntut)
12. Kembang gembili arane seneng
13. Kembang jagung arane sinuwun (jeprak)
14. Kembang jambe arane mayang
15. Kembang jambu arane karuk
16. Kembang jarak arane juwis
17. Kembang jati arane janggleng
18. Kembang jengkol arane kecuwis
19. Kembang kacang arane besengut (bundhel)
20. Kembang kanthil arane gadhing
21. Kembang kapas arane kadhi
22. Kembang kara arane kepek
23. Kembang kecipir arane cethethet
24. Kembang kelor arane limaran
25. Kembang kemlandhingan arane jedhidhing
26. Kembang kencur arane sedhet
27. Kembang tales (kimpul) arane pancal
28. Kembang kluwih arane onthel
29. Kembang kopi arane blanggreng
30. Kembang krambil arane manggar
31. Kembang krokot arane naknik
32. Kembang lamtoro arane jedhidhing
33. Kembang lombok arane menik
34. Kembang mlinjo (so) arane uceng (kroto)
35. Kembang nangka arane angkup
36. Kembang nipah arane dongong
37. Kembang pandhan arane pudhak
38. Kembang pace arane nyrewenteh
39. Kembang pete arane pendul
40. Kembang pohung arane ingklik
41. Kembang pring arane krosak
42. Kembang randhu arane karuk
43. Kembang salak arane ketheker
44. Kembang suruh arane drenges
45. Kembang tebu arane glagah
46. Kembang timun arane montro
47. Kembang widara putih arane rejasa

No comments: