Saturday 19 September 2015

Kumpulan Cerita Lucu

Gagal Total 

Ono pasien RS Jiwa duwe niat lungo seka rumah sakit merga ora krasan dirawat neng kono.

Pasien 1: "Kang awake dhewe lungo seka kene wae, aku wis ora betah tenan neng kene".
Pasien 2: "Lha carane piye?"
Pasien 1: "Gampang! Lawange sing ketutup kuwi didhobrak, terus sing jaga digebugi nganti lumpuh".
Pasien 2: "Setuju!"

Sakwijining dina sing wis ditentokake, wong loro mau thimik-thimik ngindhik lan nyedhaki gerbang Rumah Sakit, rencana nggebugi penjaga karo ndhobrak lawang wis mateng.

Pasien 1: "Wadhuuuuuh...Gagal total rencanane awake dhewe Kang".
Pasien 2: " Kae lawange mbukak tur penjagane ora ana".
Pasien 2: "Hooh ki nek ngono dibaleni sesuk wae yo..."

..................................................................................................................................................................................

Semar, Gareng, lan Bagong dolan neng Surabaya tilik Petruk. Wong telu kuwi nginep neng Hotel JW Marriot, kamar neng tingkat 45.
Awan nganti bengi wong 3 dolan neng Mall Plaza Tunjungan, pas balik hotel, tekan lobby listrike mati, dadi kudu lewat tangga. Ben ora kroso leh munggah wong 3 bagi tugas. Seko tingkat 1-15, Semar kudu crito sing lucu-lucu, njur seko tingkat 16-30, Gareng kudu crito sing medeni, njur seko tingkat 31-45, Bagong kudu crito sing sedih-sedih.
Wong 3 mulai munggah, Semar mulai crito lucu-lucu, wong 3 ngguyu-ngguyu ora kroso wis tekan tingkat 15. Banjur Gareng crito sing medeni marai tegang, ngerti-ngerti wong 3 wis tekan tingkat 30.
Giliran Bagong kudu crito. Bagong (ekspresi rupo sedih): "Iki ceritone sedih buanget...Aku sakjane seko mau arep crito, tapi wedi nek marai jengkel."
Semar: "Crito o wae cepet, rapopo wis meh tekan tingkat 40!"
Bagong: "ngene...lho...kunci kamare ketinggalan neng mobil.."
Gareng: "Bagoooooooong....
Ngopo ra crito ket mau?" (mripate karo mendelik)
Bagong: "Lha aku durung entuk giliran crito...!!
Njur Bagong lan Gareng mudhun maneh meh njupuk kunci kamar.
Semar gandheng wis tuwo ora melu.
Tekan ngisor parkiran Gareng ngomong, "Gong, aku ono crito horor kie..."
Bagong: "Horor piye Reng?"
Gareng: "kunci mobile digowo Semar..."

...................................................................................................................................................................................

No comments: