Monday 21 September 2015

Tembang Dolanan Bocah

Gundhul-Gundhul Pacul

Gundhul-gundhul pacul cul gemblelengan
Nyunggi-nyunggi wakul ku gemblelengan
Wakul glempang segane dadi saklatar
Wakul glempang segane dadi saklatar


Menthog-Menthog

Menthog menthog takkandhani mung rupamu angisin-isini
mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
enak-enak ngorok ora nyambut gawe
menthog menthog mung lakumu
megal-megol gawe guyu

Cublak-Cublak Suweng

Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak Gempong lera-lere
Sapa ngguyu ndhelikake
Sir sir pong dhele kopong
Sir sir pong dhele kopong

Jaranan

Jaranan jaranan jarane jaran teji
Sing numpak Ndoro Bei
Sing ngiring para mentri
Jeg jeg nong, jreg jreg gung
Jeg jeg gedebug krincing
Jeg jeg gedebug jedher

Sluku-Sluku Bathok

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung montha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit

Ilir-Ilir

Lir ilir lir ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Taksengguh temanten anyar
Cah angon cah angon
Penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna
Kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira
Kumitir bedhah ing pinggir
Dondomono jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako sorak iyo

Padhang Bulan

Yo pra kanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane e sing ngawe awe
Ngelikake aja padha turu sore

Dhondnhong Apa Salak

Dhondhong apa salak
Duku cilik cilik
Ngandhong apa mbecak
Mlaku thimik thimik





No comments: